Pambagya Raharja Minangka Kepala Dusun Plosokerep
Asssalamu’alaykum Wr. Wb
Maturnuwun dhumateng pranata adicara ingkang sampun paring wekdal sawetawis.
Sak derengipun sumangga kita ngaturaken puja puji pudyastuti wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang sampun paring barokah saha rahmat, saengga wonten ing ndalu menika kita saged kempal saprelu mengeti dinten kamardikan Republik Indonesia kaping 66.
Agunging panuwun kula aturaken dhumateng sedaya warga masyarakat Dusun Plosokerep, ingkang sampun rawuh wonten ing adicara pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 66 menika. Mugi-mugi Indonesia tansah katon gumebyar ing tatanan manca nagari. Tambah sehat rakyatipun lan ingkang tumindak ora becik kadosta korupsi sageda musna saking negari Indonesia menika. Para kadang tani sageda langkung makmur lan kathah anggenipun panen. Pangarep-arep kados menika saged kalaksanan kanthi ngurmati para pejuang ingkang sampun toh bandha saha nyawa.
Sedaya upaya saking para pahlawan kedah dipunlajengaken lan dipuntata kanthi permadi. Boten jamanipun perang ananging sakniki kanthi pendidikan dhumateng para kadang taruna saha para panerus bangsa Indonesia menika.
Maturnuwun ugi kula aturaken dhumateng kadang wiranem karang taruna Dusun Plosokerep ingkang sampun nyengkuyung saha ngregengaken adicara menika kanthi gotong-royong guyub rukun nyambut gawe bebarengan.
Pangarep-arepi pun supados adicara pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia kaping 66 saged kalaksanan kanthi gapyak, semarak, semanak, lan saged dados panglipuring ati masyarakat sedaya. Sumangga sedaya masyarakat ingkang rawuh supados saget njagi katertiban, kerukunan, lan keamanan. Kasuwun kebaking kaprayitnan murih tentreming bebrayan, tata titi tentrem kutha raharja.
Cekap semanten atur kawula. Wassalamu’alaykum Wr.Wb

0 comments:
Post a Comment