![]() |
| Add caption |
Sore tan saya nglangut.
Udan gerimis riwis-riwis marai nambah nggeges ing ati,
Ombak kang pating gedebyur marai ambyur ing swasaningtyas
Kelingan nalika dek semana..
ombak segara, watu ing gisiking samudra kang dadi seksi..
"Yan, aja ninggalke aku ya.."
Ulatmu katon mesem nalika aku njawab : "iya.. aku wis syukur banget nduwe sliramu"..
Wiwit iku aku ngerti..
Katresnan iku ora ibarat udan kang tiba banjur ilang nlesep ing lemah..
Ananging katresnan iku bebasan angin kang ora katon ananging tansah krasa lan ana salawase.
Nora sedhelo aku bisa ngrasakake dadi arjuna, pandhawa lima kang kondhang kasektenane..
Bebasan Arjuna kang tansah kuwat lan sugih kapinteran merga nduwe Sembadra..
Saiki katon beda.. rasane rasa nelangsa..
isine tansah curiga..
Kaya tetembangan kang ana ing sandhingku iki..
"Yen kelingan mring sliramu.. aduuh..
Dadya rinucit atiku..
Yen siyang tansah katon ngalelo.. dalu datan bisa nendra..
Apa sliramu wis lali tenaan.. dek semana nate janji..
Dadya arep urip bebarengan.. bungah susah dilakoni..
Nanging aku ora ngira.. yen sliramu bakal cidra"
Yen pancen wis bakal jodhone Gusti Allah wis ngijabahi..
Bapa ibu paring pangestu ora kudu wedi kelangan sliramu..
Ra kudu dipikir, luwih apik dilakoni..
Nata urip kanti permadi kanggo mbesuke bisa mukti..


0 comments:
Post a Comment