Pages

Thursday, January 26, 2012

Samudra Kabupaten Gunungkidul

Dinten Setu, Surya kaping surya kaping 10 Wulan Desember kula kaliyan kanca-kanca tindak plesir wonten Kabupaten Gunungkidul. Rombongan budhal saking  Griyanipun sedherek Dian kinten-kinten tabuh 06.00. Hawa adhem lan seger langsung krasa ing awak lan praupan kula sakanca. Segara Kabupaten Gunungkidul dados tujuanipun kula sakanca amarga segara menika eca sanget kagem plesiran. Katah segara ingkang jejer-jejer kaliyan nggadhahi pasir putih lan karang kang endah saestu. Margi sampun alus lan katon resik.
Segara ingkang wonten ing Kabupaten Gunungkidul menika mbetahaken wekdal 1,5 jam saking kutha Jogja. Tujuan sepisan inggih punika dhateng Segara Kukup ingkang nggadhahi panorama ingkang endah sanget.


Menika portal utama kagem mlebet Kukup
Iwak hias ingkang dipun sade dening para bakul
Iki Segara Kukup kang resik tur endah
Sak bubare saka Kukup, kula sakanca tumuju dhateng ing Krakal
Banjur sawise marem ana ing krakal diterusake tumuju ing, Sepanjang, Sundak,

Banjur diterusake tumuju ing Indrayanti
Ing Idrayanti hawane apik kanggo foto-foto... pasire putih apik resik..

Wednesday, January 25, 2012

Apike wong jaman saiki

Apike wong jaman saiki..
Uwong kuwi nduwe rasa sabar.. ananging uga nduwe rasa mangkel,
dadi uwong kuwi kudu sabar, ananging sabar uga nganggo wates..
Uwong yen kegedhen rumangsa.. ya kaya ngono kuwi..
Ora sedulur, ora merga kakang dhewe..
ngidak- idak wong cilik wekasane..

Among merga lemah sak nyari.. padha gontok gontokan..
Sapa sik bakal ndedonga apik kanggo wong kang nyatheki sedhulur dhewe.
Sing ana pandongaku among supayane tansah sabar..
ora pithil drijimu, nora julik netramu, nora kena karma kaluwargamu..
Iki donga apik.. dongane wong sik jaremu munafik.
Sanajan ing lisan iki aku ndedonga ngriwis kanggo kaberkahanmu..
ananging sejatine Gusti ngerti..
ukuman kang pantes kanggo sliramu

Gurit ing gisiking samudra

Add caption

Sore tan saya nglangut.
Udan gerimis riwis-riwis marai nambah nggeges ing ati,
Ombak kang pating gedebyur marai ambyur ing swasaningtyas
Kelingan nalika dek semana..
ombak segara, watu ing gisiking samudra kang dadi seksi..
"Yan, aja ninggalke aku ya.."
 Ulatmu katon mesem nalika aku njawab : "iya.. aku wis syukur banget nduwe sliramu"..

Wiwit iku aku ngerti..
Katresnan iku ora ibarat udan kang tiba banjur ilang nlesep ing lemah..
Ananging katresnan iku bebasan angin kang ora katon ananging tansah krasa lan ana salawase.
Nora sedhelo aku bisa ngrasakake dadi arjuna, pandhawa lima kang kondhang kasektenane..
Bebasan Arjuna kang tansah kuwat lan sugih kapinteran merga nduwe Sembadra..

Saiki katon beda.. rasane rasa nelangsa..
isine tansah curiga..
Kaya tetembangan kang ana ing sandhingku iki..
"Yen kelingan mring sliramu.. aduuh..
Dadya rinucit atiku..
Yen siyang tansah katon ngalelo.. dalu datan bisa nendra..
Apa sliramu wis lali tenaan.. dek semana nate janji..
Dadya arep urip bebarengan.. bungah susah dilakoni..
Nanging aku ora ngira.. yen sliramu bakal cidra"

Yen pancen wis bakal jodhone Gusti Allah wis ngijabahi..
Bapa ibu paring pangestu ora kudu wedi kelangan sliramu..
Ra kudu dipikir, luwih apik dilakoni..
Nata urip kanti permadi kanggo mbesuke bisa mukti..

Tuladha pambagya raharja Minangka Ketua Panitia Pengaosan


Asalamu”alaikum wr. Wb
Alhamdulilahhirobillalamin,wabihinastain ala umuridun ya wadin, sayidina wa maulana muhammadin , wa ala alihi wa sohbihi aj’ main ama ba”du

Sugeng dalu saha sugeng rawuh katur dhumateng almukaram H.drs totok sudarto M.hum ingkang dahat kinurmatan
Bapak Sudirman alvian SE minangka lurah wonten desa terong ingkang luhuring budi
Bapak rebut riyanto minangka dukuh terong 1 ingkang sinudarsana
Saha para rawuh ingkang mangayu bagya
Sakderengipun sumangga kita aturaken raos syukur dumateng gusti allah ingkang sampun paring rochmad saha hidayah saengga kita saged kempal wonten ing papan menika saprelu nglampahi acara pangaosan …….kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Kula minangka sulih sarira saking sederek asdiamin saputraning pratama minangka ketua panitia ngaturaken agunging panuwun dhumateng pranata adicara ingkang sampun paring wekdal sawetawis saengga kula saged jumeneng wonten papan menika.
Adicara pangaosan …….menika mboten saged kalampahan kanthi lancar tanpa lumebering kringet saking para kanca kadang panitia , saha kawontenan para rawuh sedaya wonten ing pengaosan menika, mboten cekap menawi namung atur panuwun  dhumateng panjenengan sedaya.
Ananging sinaosa namung katur agunging panuwun awit juru bahu saha pambiyantuning sedaya , mugiya adicara menika saged lancar kasembadan, saking purwa madya dumugi wasana.
Ingkang pungkasan nadyan ta tansah dipun tata kanthi permadi , ananging tasih wonten ingkang kirang. Wondene tasih wonten cacatipun nyuwun agunging sih samudra pangaksami .
Cekap semanten atur kula waslamu’alaikum wr wb.

Tuladha Sesorah dening Iriana Famuji Widodo







Pambagya Raharja Minangka Kepala Dusun Plosokerep

Asssalamu’alaykum Wr. Wb
Maturnuwun dhumateng pranata adicara ingkang sampun paring wekdal sawetawis.
Sak derengipun sumangga kita ngaturaken puja puji pudyastuti wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang sampun paring barokah saha rahmat, saengga wonten ing ndalu menika kita saged kempal saprelu mengeti dinten kamardikan Republik Indonesia kaping 66.
Agunging panuwun kula aturaken dhumateng sedaya warga masyarakat Dusun Plosokerep, ingkang sampun rawuh wonten ing adicara pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 66 menika. Mugi-mugi Indonesia tansah katon gumebyar ing tatanan manca nagari. Tambah sehat rakyatipun lan ingkang tumindak ora becik kadosta korupsi sageda musna saking negari Indonesia menika. Para kadang tani sageda langkung makmur lan kathah anggenipun panen. Pangarep-arep kados menika saged kalaksanan kanthi ngurmati para pejuang ingkang sampun toh bandha saha nyawa.
Sedaya upaya saking para pahlawan kedah dipunlajengaken lan dipuntata kanthi permadi. Boten jamanipun perang ananging sakniki kanthi pendidikan dhumateng para kadang taruna saha para panerus bangsa Indonesia menika.
Maturnuwun ugi kula aturaken dhumateng kadang wiranem karang taruna Dusun Plosokerep ingkang sampun nyengkuyung saha ngregengaken adicara menika kanthi gotong-royong guyub rukun nyambut gawe bebarengan.
Pangarep-arepi pun supados adicara pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia kaping 66 saged kalaksanan kanthi gapyak, semarak, semanak, lan saged dados panglipuring ati masyarakat sedaya. Sumangga sedaya masyarakat ingkang rawuh supados saget njagi katertiban, kerukunan, lan keamanan. Kasuwun kebaking kaprayitnan murih tentreming bebrayan, tata titi tentrem kutha raharja.

Cekap semanten atur kawula. Wassalamu’alaykum Wr.Wb

Tuladha Geguritan Pahlawan


Prajurit
Prajurit
Kaluhuranmu kang bisa ngarumake bangsa
Ora wedi panas, udan lan gerimis
Ora mundur sinaosa anak putu padha netangis
Sing ana among ngabekti mring janji
Janji prasetya kanggo bumi pertiwi
Jaranmu kang teji
Ora ana kang nadhingi
Tansah ngandelake strategi lan kadigdayan
Supayane menang ing ngalaga
Lemah kang kabesut dening sikil jaran kang cinakar
Rah kang tumetes ing tangan lan tombakmu
Mungsuh kang muksa merga gendewamu
Lan usus kang dhadhal merga kerismu
Bakal dadi seksi ing palagan
Gusti..
 Paringana papan kang becik
Kanggo para prajurit kang nentremake bangsaku iki